akeh seng kudu mandek mergo wes ora betah
ono seng mandek mergo uwes bosen
eneng harang seng mandek mergo ngerti kekurangan yange
gaiss :) setiap hubungan seng digawe loro menungso memang nyat ngono
akeh perbedaan neng njerone, akeh masalah, lan pasti kekurangan
mas paijo seko samudra atlantik pernah ngomong, semisal yangmu ora iso dadi opo seng mbok pingenke. kowe rak perlu mekso mergo nek yangmu sayang karo kowe tenanan dee bakal ngelakoke sg pas nganggo kowe
bengi iki aku nury seng biasane diundang iyik karo yangku, kudu tenanan lilo
lilo nek jebul aku uwes gagal. gagal mbahagiake dee lan gagal ngeyakinke dee nek aku tenanan sayang karo awake
alesane mergo aku :') mergo aku seng jarene kakean polah lan wes akeh nyakiti dee
aku rapopo nek memang aku salah, tapi nyat nyatane aku orak koyok ngono
bola-bali.... aku ngeyakinke dee. nek dee sijisijine tapi nyat memang, pikiran menungso ora iso dipekso karo ati
aku ngeroso ora adil gais :') aku selalu nganggo dee, opo wae seng tak lakoke yo mung gawe dee
pernah, bolan baleni harang dee gawe loro ati, pisan pindo lan bolan baleni, metu bareng yange dee sg mbiyen :) tapi aku mung iso mesem mergo aku yakin dee kesayangaku ora bakal ngkhianati
tapi................
ngalahku seng mbiyen iso ngalahke egoku, malah dadi alesane dee dinggo lungo :') loro banget
de.e ngomong "rakono seng iso diperbaiki,kowe terlalu sering nyakiti,aku rak betah" atiku koyok kesambar petir
aku mikir :') aku mbyine yo mikir ngono
tapi aku percoyo kowe iso berubah. aku ngalah mergo roso sayang iki seng gede nganggo kowe :') sampek kowe pernah ngomong harang atiku digawe seko opo :') tapi......... kuwi malah dadi alesane dee :')
aku usaha nerimo wae :') mergo bener ora kabeh tulus berjalan mulus
pernah kudu tibo bolan baleni tapi tetep gagah nyayangi dee. Hebat :')
pernah kudu diasu2ke wong liyo disek ben iso ndelok dee guyu
pernah jempalik rono rene mung nganggo ktemu dee
pernah kudu ngemis2 karo konco ben diewangi gawe kejutan nganggo dee. indah :')
pernah ditibake.direndah,dielek2 ,mergo pingen nyanding dee tapii........... hehe :')
ono seng pernah ngomong "nek kowe njaluk dee berubah, kowe berarti kudu siap sabar lan ngancani. nek kowe orak iso ngancani berarti kowe nuntut" nyat bener banget dan kuwi seng selama 1 tahun luweh sitik sg tak gowo lan tak cekel.. tapi tetep wae, kuwi dadi alesane dee gawe lungo :')
mergo kabeh nek seko niat, pasti ono semangat dienggo memperbaiki :')
tinggalke, keseriusanmu mung dinggo tontonan
trimo mundur lan ngalah wae. Mbok oyakko wong kono wes lali
wes pancen nasibmu, nandur becik tukule kok dilarani
dadi gaes.... .. .. .. :')
duduk sepiro roso loromu neng de'e seng gawe kowe lungo
percoyono,pisah duduk berarti wes ora peduli
tapi pisah kuwi seng bakal buktikke sepiro gedene uwong seng iseh berjuang nganggo kowe walaupun wes pisah, seng iseh tetep ngabari lan ngestalking awakmu
pisah yo iso mbuktike awakmu iseh penting opo orak neng uripe de'e
kuncine, ojo pernah mekso :') nek memang nyat de'e rakgelem meneh diperjuangke ojo pernah mekso, ojo pernah njaluk ngene-ngono karo de'e :')
berdo'a wae, mugo-mugo awakdewe entok kebahagiaan :')
dan....
dan kata kata iki seng gawe aku kuat selama iki, tapi tetep wae endinge dee lungo :')
nek kw iseh sayang,sabar,bertahan walaupun sering dilarani,kuwi dudu pekok kok:)
kuwi komitmen. Komitmen gawe de'e berubah luweh apik. Yo awake dwe kudu siap ngancani lan sabar wlaupun sakjane orak kuat
Seorake aku wes ngei sg terbaik nganggo de'e (y)
Sabtu, 14 Februari 2015
Senin, 09 Februari 2015
Alesan-Alesan pedot Basi
Bahagia, nduwe yang seng utuh lan nompo opo onone awakdewe lan gelem
bareng-bareng nambal kekurangan seng ono. Bahagianya aku wes kiro-kiro
sesuwi iki mlaku yang-yangan karo de'e..
Niatku nek wes setahun, pengene ngrayake anniversary karo de'e, ben hubungan luwih menarik, romantis lan bakal isoh eling kapan awakdewe pertama ditemuke mergo roso podo-podo sayange. Indah.
Tapi, aku ramudeng ngopo kok de'e luwih angel dijak ketemu akhir-akhir iki, jarene de'e sih kangen banget karo aku, tapi nek dijak ketemu mesti alesane macem-macem lah... Koyo "yang besok aja ya, aku lagi sibuk ndandani aki motor tossaku yang soak", terus kadang koyo ngene "yang, sory ya batal ketemu. Aku ada acara mancing di samudra atlantik sama keluarga besar aku"
Jane rapopo sih nek alesan mau kuwi tenanan, ora alesan seng di ada-ada, tapi mben dijak ketemu alesane yo ngono-ngono kuwi terus...
Tiba suatu hari, de'e sms aku. Sms seng gawe nggerus atiku...
Ngene iki smse;
"Yang, kita udahan aja ya. Aku mau fokus belajar dulu"
"Loh, yang? Bukannya kamu udah lulus STM ya?"
"Aku disuruh keluargaku nglanjutin kuliah kedokteran di Amrik. Maaf ya, kita cukup sampe disini"
Sebagai wong seng pengen mbahagiake wong seng disayang aku gagal, aku raisoh mempertahanke hubungan seng wes berjalan mau kuwi..
Tapi, sakuwise pedot mau, aku nyoba refreshing mergo kepikiran de'e seng medot aku tiba-tiba.. Neng pikiranku nakok-nakoki, ngopo kok aku isoh dipedot? Ngopo nek de'e pengen fokus belajar ndadak kudu medot aku? Opo Aku ngganggu de'e pas de'e lagi sinau? Ketemu wae mesti dialesi terus? Ngopo??
Pas refreshing mau aku ketemu de'e, de'e seng jarene fokus belajar neng amrik, dan akhire aku mudeng ngopo kok de'e pengen pedot? Yap, fokus belajar... Mencintai wong liyo...
Fellingku selama iki bener, seng jarene kangen tapi raenek niatan dinggo ketemu, ternyata kangene dudu karo aku... Tapi karo wong liyo....
Oke, kuwi mau sepenggal ceritoku dipedot mergo alesan pedot seng menurutku ramutu..
Selain kuwi akeh meneh alesan pedot seng luwih ramutu... Opo wae kuwi? Simak!
1. "Aku pengen fokus belajar dulu"
Koyo ceritoku mau, aku dipedot mergo de'e pengen fokus belajar.. Endinge, seng isoh tak nalar neng pikiranku kuwi; De'e fokus belajar sayang karo wong liyo seng luwih sempurna seko aku...
Hmmm, tapi rabakal to isoh luwih mbahagiake koyo aku? :))
Padahal nek pengen fokus belajar sih belajar wae ya? Ramungkin kok, pas kowe sinau, yangmu teko neng omahmu terus nyiram banyu sak ember..
Putus dudu dalan seng tepat, padahal fungsine kuwi ndukung. Ndukung segala hal seng yange lakokke kuwi apik, dinggo masa depane. Mergo yang seng apik kan bakale nyemangati koe pas sinau, ngewaki kowe nggapai masa depan? :))
2. Awakdewe bedo, awakdewe ramungkin mlaku terus.
Alesan pedot nek bedo presepsi kuwi alesan seng paling umum. Padahal seko awal kowe mudeng nek bedo keyakinan, terus ngopo kok lagi sadar nek bedo pas kowe wes mlaku suwe karo de'e? Sengojo? Hehehe... Ben yangmu ngroso bersalah? Ben ngroso mikir "Ojo-ojo nyat selama iki aku salah?" Jahat ya kamu? :))
3. Kamu terlalu baik buat aku.
Alesan paling basi, sejak mbahku ijek sendalan nganggo batok klopo... Secara nek kowe terlalu apik nggo de'e berarti de'e pengen etuk seng luwih bajingan. Simpele.
Dadi nek de'e ngomong "Maaf ya, kita udahan aja... kamu terlalu baik buat aku" mending dijawab "Oke,.. Bubar yo rapopo, mugo kowe etuk seng luwih bajingan seko aku~ Bye~"
4. Aku gamau nyakitin kamu lagi.
Nek alesan iki dirungok-rungokke malah koyo sumanto tobat...
Padahal kowe ramudeng wae, nek de'e rapengen nglarani meneh, berarti nyat de'e kuwi wong seng jujur pengen nglarani, tapi sakdurunge nglarani wes pengen tobat dhisek.
Berarti de'e sadar nek nglarani, tapi alangkah apike dalane dudu pedot, tapi berubah dadi seng paling mbahagiake. :))
5. Aku raoleh sahabatku yang-yangan.
Pernah ra direstui sahabetne yangmu? Mergo yangmu raoleh yang-yangan? Pernah, tapi akhire de'e malah mlaku karo seng liyo, mbuh kuwi seng anyar utowo masalalune.
Mungkin wae de'e wes randuwe alesan pedot liyane meneh nganti gowo-gowo sahabte, doake wae nek de'e bakal bahagia karo seng anyar, endinge ra direstui sahabate yange... AMIN!
Cukup postingan tentang alesan basi seng pernah mantanmu omongke neng kowe, nek enek alesan liyane seng luwih basi komen ya! Ojo isen-isen... :))
"Awakdewe cedak mergo roso nyaman, lan awakdewe pisah mergo pengkhianatan."
Kuwi kabeh mergo.......

De'e wes ra sayang aku
Kadang, hubungan romantis kuwi seng alay, opo opo couple-an. Aku
kerep nemu uwong seng nek yang-yangan couple-an, koyo couple-an klambi,
helm, hape, kaos kaki, macem-macemlah... Romantisss..
Terus, kadang couple-an kuwi raselalu romantis. Nek salah siji wong seng
mung mengenke couple, tapi pihak sijine rapengen mergo wes couple-an
helm karo seng liyo.. Duhhhhh~~
Rasadar, seng selalu gawe awakdewe neng posisi Ditinggal-mergo-alesan-ramutu
seng padahal asline nek wes pedot, awakdewe lagi sadar seko polahe seng
wes bedo, koyo "Oalah, mbien ngene i mergo... alahhhhh" HAHAHA..
Pernah kan? Kowe etuk alesan seng macem-macem, alesan ramutu, basi, koyo..
"Yang, kita putus aja ya, kamu terlalu antik buat aku~~ BYE!"
"Kayaknya hubungan kita cukup sampai disini ajadeh, aku disantet sama orang.... Yang aku sayangi juga~~~"
"Maaf ya, cukup dulu. Aku mau fokus kuliah.."
Nah, sakdurunge kowe etuk alesan koyo mau kuwi, ono apike kowe kudu
mudeng ciri-ciri nek de'e kuwi wes rasayang karo kowe. Mergo kae.
Pada umumnya, seng awale sayang terus tiba-tiba cuek-cuekan. Kuwi adalah kenapa-kenapa yang harus ditanyakan. Kowe mikir neng njero ati "Opo de'e wes rasayang aku ya? " kuwi asline akeh betule.. Tapi kadang logika mbantah kabeh kuwi "Alah, paling de'e cuek i mergo sibuk..."
Sibuk? WHAT? Hehe, orang kalo udah sayang, sesibuk apapun dia, pasti tetep ada waktu buat pengen ngobrol.. Ngobrol mergo kangen, mergo tetep pengen karo kowe.
So, nyat kudu mikir lan goleki ngopo kok de'e isoh berubah koyo ngono? Mergo kadang berubah kuwi faktore pengen pindah, ketempat seng luwih mewah. Padahal nek wes pindah, nyaman wae rapernah. *curhat*
2. AKHIR-AKHIR KEREP PADU
Kadang, hubungan kuwi nyat hambar nek raenek padu pas njalani. Tapi opo sih penyebab padu neng suatu hubungan kuwi?
Coba kowe pas PDKT mbien? Ngentut, ngising neng katok, raimu mblawus, nek ngapel cekeran. Dimasalahke yangmu? Lak ora to?
Terus ngopo lagi dipermasalahke neng tengah-tengah, gawe hubunganmu padu? Yo kuwi, mergo bosen..
Mergo kadang roso bosen kuwi gawe kowe seolah-olah isoh etuk seng luwih apik seko de'e, seng nyatane kuwi dudu luwih apik, tapi luwih anyar. :))
Yo nek yangmu wes bosen kuwi tanda-tanda wes rasayang kowe, tapi durung tentu bosen kuwi nggawe wong lungo. Enek seng isoh intropeksi nek bosen kuwi mung sekedar roso, seng isoh ilang mergo situasi nyaman, seko polahe hubungan mau kuwi.
3. NGILANG TERUS
Nduwe yang, tapi seneng ngilang-ngilangan? Kuwi mergo nyat wes wegah komunikasi karo kowe. Disebabke mungkin seko roso ilfeel, gilo, ra sayang kowe.
Eh tapi, positif thingking lah, nek yangmu seneng ngilang mungkin nyat lagi sibuk. Sibuk ngayahi seng liyane.
WKWKWKW, Cukuyin mangenaq.
4. NDUWE AKEH ALESAN DINGGO NGEHINDAR SEKO KOWE
"Yang, maaf kita jadi jarang ketemu, aku lagi ada tugas akhir membuat katak yang mati menjadi hidup kembali"
"Aku juga kangen kamu, tapi maaf akhir-akhir ini sibuk banget"
"Duh, Maaf ya yang, aku nanti sore ada seminar membuat bom."
Mungkin, kowe-kowe pernah etuk alesan-alesan ngono kuwi mau, alesan seng ramutu, dinggo nolak ajakan ketemu. Seng jarene kangen banget, tapi niat ketemu ora. Alesan ngene lah, seng ngono lah. Hufttt.
Alesan mau kuwi seng nggawe kowe mikir, ngopo kok ragelem ketemu aku? Mungkin nyat de'e nduwe alesan liyo ngopo kok ragelem ketemu kowe? Mergo wes nduwe seng liyo, liyane kowe.
Dah, putus aja~~ #JombloGolekKonco
Oke, dan this end post.. Nek yangmu wes rasayang kowe, kadang kowe kudu nduwe pilihan, bertahan utowo lungo.
Nek kirane bertahan nggawe kowe loro, kowe kudu lungo ben atimu lego. Nek isoh gawenen de'e sayang kowe meneh, buktike nek kowe cinta tenan karo de'e
tipe tipe wong nyindir
"Wong kok seneng banget ngetwit mben detik... Kurang gawean banget" - Wong nyindir.
Saiki kurang gawean kuwi enek levele, level paling duwur seko kurang gawean kuwi; ngurusi uripe wong liyo.
Iyo, biasane wong nyindir kuwi pinter banget seng jenenge nganggo topeng tapi ramudeng carane nganggo koco.
Salah siji contoh perilaku seko ngurusi uripe wong liyo yo kuwi nyindir, jaman moderen saiki do ameh nyindir kuwi gampang banget, soyo meneh seng nduwe semartpon, utowo leptop seng canggih kae.
Kadang mangkel wae ndelok wong nyindir, rumongso de,e kuwi seng paling bener, seng paling sempurna, padahal menungso kabeh kuwi podo. Podo-podo durung sempurna, kesemprunaan hanya milik Allah - Jarene mbah surti.
Yap awakdewe ora luwih sempurna seko Allah, kowe seng ngomong "wong kok seneng nyindir, mbok wes leren" kuwi asline kowe yo nyindir, nyindir wong seng nyindir, lak luwih menyedihkan to? Padahal kowe wes berusaha (sok) bener..
Urip wong seneng nyindir kuwi saktenane butuh piknik cah. Butuh tenan, coba kowe tuku bigcola, lumayan isoh tekan afrika. isoh nyindir jerapah.
Sadaro kowe kuwi wes gede, wes isoh mbedakke endi seng bener lan salah, Oraperlu dadi seng paling bener, mergo soyo bener awakdewe, soyo salah awakdewe neng matane uwong. Nyindir kuwi ora apik, nek enek wong seng neng matamu kuwi salah rasah sok dibenerke nganggo sindiran, eling nyoba ngoco pisan-pisan, kowe wes perfect durung? wes bener durung? Intropeksi kuwi perlu, perlu banget malah, dinggo ndadekke awakdewe dadi pribadi seng luwih apik.
Nah, aku kali iki bakal mbahas tipe-tipe wong nyindir menurutku.. Woco!
1. Nyindir Nomention
Wong seng koyo ngene iki biasane isoh digoleki neng jejaring sosmed, wani nyindir, tapi ra langsung neng wong, ngarah neng tulisan-tulisan atos seng ditujukke dinggo seng disindir.
Nyindiri seng sesumbar, seng biasane yang-yangan neng sosmed, nyindiri seng senengane nyindir.
2. Nyindir Langsung
seng ngene iki malah seng biasane bahaya, medeni, mergo wani langsung frontal neng raine seng disindir. hehehe..
Nek ngadepi wong ngene iki kowe kudu tetek, masalahe de,e wes tetek sek nek de,e kuwi wong seng paling bener. :)
3. Nyindir Gebetan (Ngode)
Nyindir iki jane yo mlebu neng point pertama, nomention, tapi ditujukke karo wong seng ditresnoni, upoyone ben isoh peka, ndang mudeng nek seng nydinir kuwi pengen banget daden utowo gandeng karo seng ditresnani.
Ono sih seng ngode neng sosial media nonton trus tikete siji tok trus difoto ditumpuki tulisan "nonton lagi sendirian, kapan sih sama kamunya :("

selamat datang di Blog baruku
Selamat datang diblog baruku
terimakasih sudah mau datang walau sebentar :)
Langganan:
Postingan (Atom)