Senin, 09 Februari 2015

Alesan-Alesan pedot Basi

Bahagia, nduwe yang seng utuh lan nompo opo onone awakdewe lan gelem bareng-bareng nambal kekurangan seng ono. Bahagianya aku wes kiro-kiro sesuwi iki mlaku yang-yangan karo de'e..


Niatku nek wes setahun, pengene ngrayake anniversary karo de'e, ben hubungan luwih menarik, romantis lan bakal isoh eling kapan awakdewe pertama ditemuke mergo roso podo-podo sayange. Indah.
Tapi, aku ramudeng ngopo kok de'e luwih angel dijak ketemu akhir-akhir iki, jarene de'e sih kangen banget karo aku, tapi nek dijak ketemu mesti alesane macem-macem lah... Koyo "yang besok aja ya, aku lagi sibuk ndandani aki motor tossaku yang soak", terus kadang koyo ngene "yang, sory ya batal ketemu. Aku ada acara mancing di samudra atlantik sama keluarga besar aku"

Jane rapopo sih nek alesan mau kuwi tenanan, ora alesan seng di ada-ada, tapi mben dijak ketemu alesane yo ngono-ngono kuwi terus...
Tiba suatu hari, de'e sms aku. Sms seng gawe nggerus atiku...
Ngene iki smse;
"Yang, kita udahan aja ya. Aku mau fokus belajar dulu"
"Loh, yang? Bukannya kamu udah lulus STM ya?"
"Aku disuruh keluargaku nglanjutin kuliah kedokteran di Amrik. Maaf ya, kita cukup sampe disini"

Sebagai wong seng pengen mbahagiake wong seng disayang aku gagal, aku raisoh mempertahanke hubungan seng wes berjalan mau kuwi..
Tapi, sakuwise pedot mau, aku nyoba refreshing mergo kepikiran de'e seng medot aku tiba-tiba.. Neng pikiranku nakok-nakoki, ngopo kok aku isoh dipedot? Ngopo nek de'e pengen fokus belajar ndadak kudu medot aku? Opo Aku ngganggu de'e pas de'e lagi sinau? Ketemu wae mesti dialesi terus? Ngopo??

Pas refreshing mau aku ketemu de'e, de'e seng jarene fokus belajar neng amrik, dan akhire aku mudeng ngopo kok de'e pengen pedot? Yap, fokus belajar... Mencintai wong liyo...
Fellingku selama iki bener, seng jarene kangen tapi raenek niatan dinggo ketemu, ternyata kangene dudu karo aku... Tapi karo wong liyo....

Oke, kuwi mau sepenggal ceritoku dipedot mergo alesan pedot seng menurutku ramutu..
Selain kuwi akeh meneh alesan pedot seng luwih ramutu... Opo wae kuwi? Simak!

1. "Aku pengen fokus belajar dulu"

Koyo ceritoku mau, aku dipedot mergo de'e pengen fokus belajar.. Endinge, seng isoh tak nalar neng pikiranku kuwi; De'e fokus belajar sayang karo wong liyo seng luwih sempurna seko aku...

Hmmm, tapi rabakal to isoh luwih mbahagiake koyo aku? :)) 
Padahal nek pengen fokus belajar sih belajar wae ya? Ramungkin kok, pas kowe sinau, yangmu teko neng omahmu terus nyiram banyu sak ember..
Putus dudu dalan seng tepat, padahal fungsine kuwi ndukung. Ndukung segala hal seng yange lakokke kuwi apik, dinggo masa depane. Mergo yang seng apik kan bakale nyemangati koe pas sinau, ngewaki kowe nggapai masa depan? :))

2. Awakdewe bedo, awakdewe ramungkin mlaku terus.

Alesan pedot nek bedo presepsi kuwi alesan seng paling umum. Padahal seko awal kowe mudeng nek bedo keyakinan, terus ngopo kok lagi sadar nek bedo pas kowe wes mlaku suwe karo de'e? Sengojo? Hehehe... Ben yangmu ngroso bersalah? Ben ngroso mikir "Ojo-ojo nyat selama iki aku salah?" Jahat ya kamu? :)) 
 
3. Kamu terlalu baik buat aku.

Alesan paling basi, sejak mbahku ijek sendalan nganggo batok klopo... Secara nek kowe terlalu apik nggo de'e berarti de'e pengen etuk seng luwih bajingan. Simpele.

Dadi nek de'e ngomong "Maaf ya, kita udahan aja... kamu terlalu baik buat aku" mending dijawab "Oke,.. Bubar yo rapopo, mugo kowe etuk seng luwih bajingan seko aku~ Bye~"

4. Aku gamau nyakitin kamu lagi.

Nek alesan iki dirungok-rungokke malah koyo sumanto tobat...  
Padahal kowe ramudeng wae, nek de'e rapengen nglarani meneh, berarti nyat de'e kuwi wong seng jujur pengen nglarani, tapi sakdurunge nglarani wes pengen tobat dhisek.

Berarti de'e sadar nek nglarani, tapi alangkah apike dalane dudu pedot, tapi berubah dadi seng paling mbahagiake. :))

5. Aku raoleh sahabatku yang-yangan.

Pernah ra direstui sahabetne yangmu? Mergo yangmu raoleh yang-yangan? Pernah, tapi akhire de'e malah mlaku karo seng liyo, mbuh kuwi seng anyar utowo masalalune.

Mungkin wae de'e wes randuwe alesan pedot liyane meneh nganti gowo-gowo sahabte, doake wae nek de'e bakal bahagia karo seng anyar, endinge ra direstui sahabate yange... AMIN!

Cukup postingan tentang alesan basi seng pernah mantanmu omongke neng kowe, nek enek alesan liyane seng luwih basi komen ya! Ojo isen-isen... :)) 

"Awakdewe cedak mergo roso nyaman, lan awakdewe pisah mergo pengkhianatan."
Kuwi kabeh mergo.......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar